Don’t be afraid of advanced slowly, be afraid of nothing progress (งˆ▽ˆ)ง

Cerita rakyat minangka cerita kang dumadi wiwit jaman biyen. Kanyatan ngenani isine durung bisa dipesthekake, amarga crita rakyat dumadi kanthi lisan. lantaran dumadining crita kanthi lisan, menawa dilantarake marang wong liya mesthi wae beda panampane. Ana kang kurang, ana kang ditambah-tambahi utawa mlenceng saka sumbere. Crita kang mangkene iki kang diarani fiksi.

Wujud crita fiksi / Dongeng :

  • Fabel

Fabel yaiku dongeng kewan sing bisa wawangunem kaya manungsa.

Tuladha : Kancil karo Baya, Kncil Nyolong Timun,lan liya-liyane.

  • Legenda

Legenda yaiku dongeng asal-usuling ( dumadine ) panggonan utawa barang.

Tuladha : Dumadine Rawa Pening, Tangkuban Prau,Dewi Sri,lan liya-liyane.

  • Mite

Mite yaiku dongeng sing ana sesambungane karo roh,alam gaib.

Tuladha : Nyi Roro Kidul, Thuyul,lan liya-liyane.

Tinggalkan komentar