Don’t be afraid of advanced slowly, be afraid of nothing progress (งˆ▽ˆ)ง

PUNAKAWAN

PUNAKAWAN

punakawan1

Punakawan saka tembung pana lan kawan. Pana tegese ngerti.Kawan tegese kanca. Ponokawan tegese ngerti kahanane kanca.Ing crita wayang, Ponokawan iku abdine Pandhawa.Utawa abdine Janaka. Sing diarani panakawan yaiku Semar, Bagong, Petruk, lan Gareng. Kanggo luwih gamblange sapa ta paraga siji-sijine bisa kowaca gambaran ing ngisor iki :

  1. Semar

semar1

Semar iku turunane Sang Hyang Tunggal lan Dewi Wiranti. Sadulure nama Sang Hyang Antaga (Togog) lan Sang Hyang Manikmaya (Bathara guru). Nalika mapan ing kahyangan Semar asmane Sang Hyang Ismaya, rupane bagus nanging bareng dadi semar rupane ala, wetenge mblendung, dedeg piadege cendhek, mripate rembes Samar suwe pawakan sing lemu gedhe lan duwe kuncung.

Garwane asma Dewi Kanastri peputra 10 yaiku Bongkokan, Temburu, Kuwera, Mahyati, Siwah, Surya, Candra, Yamadipati, Kamajaya, lan Damarnastiti. Sebutan liyane yaiku Ki Lurah Badrayana, Saronsari, Bogajati, Ismaya, Wong Boga Sampir, lsp.
Sang Hyang Ismaya kadawuhan turunan ngarcapada dadi pamomonge para satriya kalebu leluhure Pandhawa nganti Pandhawa saanak turune.Ing ngarcapada Semar manggon ing Karang kedhempel kanthi asma Semar Badranaya.

Semar kagungan putra angkat 3 yaiku Gareng, Petruk, lan Bagong. Putra angkate tansah ngancani semar ndherekake para satriya mbrastha ngkara murka, njejegake adil lan tansah mbela bebener. Mula Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong diarani Punakawan utawa panakawan. Manut para satriya, luwihluwih Pandhawa, Semar dianggep pepundhene, ngerti sadurunge winarah, dewa kang ngejawantah. Tatakramane ganep, ora tau nesu nanging yen wis nesu ora ana dewa kang bias nandhing apamaneh manungsa.

2.    Gareng

gareng

Gareng iku anake Gandarwa nanging tata lair anak angkate Semar sing mbarep. Sesebutan liyane yaiku Pancalpamor tegese nolak sakabehing bandha kadonyan, Pegatwa tegese untu sing tugel, nyingkiri pangan kang enak-enak, Nala Gareng tegese atine sing garing saka watak angkara.

Gareng kuwi awake kuru, mripate rada kera, tangane ceko yen mlaku jinjit amarga sikile genjik, watake dhemen guton, sembrana parikena, nanging isih kalah kumrecek karo Petruk adhine. Gareng uga dhemen tetulung setya marang bendarane.Gareng duwe anak aran Nalawati.Gareng tau dadi ratu jejuluk Pandhu Bergolo kang sekti mandra guna.Kabeh Negara kang ngkara ditelukake nanging bareng mukti Gareng rada umuk kepingin ngrabasa Ngamarta, kabeh Pandhawa dikalahake.Prabu kresna waspada banjur nimbali Semar.Semar ndawuhi supaya Petruk kang maju.Prabu Pandhu Bergolo banjur badhar dadi Gareng. Bareng didangu apa sebabe ngrabasa Ngamarta. Gareng matur supaya bendarane waspada, ora lena supaya ora kecemplung ing kasangsaya.

3.    Petruk

180px-Petruk

Petruk satemane anake Gandarwa, anak angkate Semar sing nomor loro. Sesebutan liyane yaiku Doblajaya tegese pinter, Kanthong Bolong tegese dhemen weweh nganti ora duwe apa-apa. Garwane aran Dewi Undanawati, peputra Bambang Lengkung.
Petruk punakawan dhuwur, irunge mbangir, gulune dawa, seneng gegojegan, sembrana parikena, dhemen tetulung paring pephadang-yen tumandang gawe cak-cek marantasi gawe.

Petruk uga tau dadi ratu jejuluk Prabu Wei Gedhuwei Beh.Nalika arep jumeneng para Pandhawa diundang nanging ora gelem, kabeh dikalahke Kresna waspada, Semar ditimbali.Semar ndhawuhi Bagong kang maju. Nalika Prabu Wei Gedhuwei Beh turu, jimat Kalimasada dijupuk Bagong lan Gareng, banjir diguyoni nanging tetep ora gelem ngaku banjur dadi gelut rame. Prabu Wei Gedhuwei Beh badhar dadi Petruk.

Nalika ditakoni apa karepe, Petruk matur yen kabeh tumindak kudu dipetung supaya ora cuwa mburine. Contone nalika mbangun Candhi Saptaarga, kraton ditinggal, jimat Kalimasada dicolong dening Mustakaweni nanging bisa direbut Bambang Priyambada lan dititipake Petruk.

4.    Bagong

bagong

Bagong iku anak angkate Semar sing nomor telu ya sing ragil. Kacarita Gareng lan Petruk njaluk marang Semar supaya digolekake kanca, amrih Karang Kedhempel dadi saya gayeng lan regeng. Sanghyang Tunggal paring nugraha marang Semar.Wewa-yangane Semar dipuja dadi Bagong utawa Bawor.Awake ipel-ipel mblegung kaya Semar nanging mripate amba, lambene ndower utawa ndombleh.watake akeh sembranane, pinter nggawe lelucon, kadhang kala rada nganyelake, sok  karepe dhewe  nanging jujur, lan  uga sekti.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: