Don’t be afraid of advanced slowly, be afraid of nothing progress (งˆ▽ˆ)ง

Pidato utawa Sesorah

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.

Ancasing pidato :

  1. Atur pambagya, yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulangtahun) lan sapiturute.
  2. Atur kabar, pawarta utawa informasi. Informasi ing kene bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamirsa (pangrungu/pendengar). Bab sing kudu digatekake yaiku sing sesorah kudu bisa medharake kanthi cetha/gambling perkara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh. Pamiarsa kang sadurunge ora ngerti babar pisan dadi ngerti/gambling informasi kang diwedharake. Umpamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang lan sapiturute.
  3. Aweh panglipur/hiburan (menghibur), Sesorah kanggo aweh panglipur iki kanthi ancas supaya sing mirengake bisa seneng panggalihe, umpamane ing acara mantu, tanggap warsa lan sapiturute. Bisa uga kanggo panglipur inga cara layatan supaya kulawarga sing lagi bela sungkawa/kasripahan bisa nampa kanthi tabah lan eklas.
  4. Pangajak, sesorah ingkang sipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapilut/melu, katut, katarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Umpamane sesorah ing papan ibadah, sesorah ing babagan agama lan sapiturute.

Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.

Naliti prakara kanthi :

  1. Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.
  2. Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata piro, lsp.
  3. Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa apa.
  4. Milih lan mbatesi topic.

Nata pidhato kanthi :

  1. Nglumpukake bahan.
  2. Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).
  3. Ngandarake kanthi cetha.

Gladhen kanthi migatekake :

  1. Intonasi utawa lagu swara
  2. Sikap
  3. Gaya basa
  4. Wirama

Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan Pambuka, yaiku :

  1. Nata pokok-pokok pikiran
  2. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok
  3. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)
  4. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.

Tata cara (metode) pidhato bisa katindakake kanthi :

1.    Cara naskah

Pidhato kanthi cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung. Cara iki nduweni kekurangan, yaiku kaku amarga antarane pidhato lan pamiarsa ora bisa bebas anggone padha nyawang sarta lagu ukara (intonasi).

 2.    Cara apalan

Cara iki akeh digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato yaiku kanthi cara nyawisake naskah (teks) banjur diapalake.

3.    Cara impromptu

Cara iki rada bedha karo loro cara sadurunge yaiku pidhato ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi lancar.

 4.    Cara ekstemporan

Cara iki namung nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan. Cara pidhato iki ora ngapalake tembung-tembung nanging bisa ngembangake nganggo basane dhewe.

Perangane naskah pidato

  1. Salam pambuka
  2. Purwaka basa / pambuka, yaiku ngunjukake puji marang Gusti, atur panuwun marang para rawuh utawa pawongan liyane.
  3. Surasa basa / isi, yaiku undheraning bab kang diwedharake
  4. Dudutan / wigatining isi, simpulan isining wedharan mau.
  5. Pangarep-arep yaiku bab-bab kang dipesenake utawa dikarepake kanthi ananing sesorah kang wus ditindakake.
  6. Wasana basa / panutup, biyasane atur panuwun lan nyuwun pangapura yen ana kaluputan sasuwene medharake sesorah.

Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake bab :

1.    Basa

Basa sing digunakake kudu laras/cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa kramadigunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.

Wong sing sesorah iku uga kudu ngerti kahanan, yen ing desa utawa kampong bias nggunakake basa karma kabeh, nanging yen ing kutha bisa kacampur bahasa Indonesia laras karo sing mirengake.

Manut kanyatan ana ing adicara temanten, syukuran, supitan, tanggap warsa (ulangtahun), basa sing digunakake yaiku basa krama sing becik kacampuran basa rinengga supaya becik menawadirungokake lan tandha kurmat marang tamu sing padharawuh. Prayogane basa sing digunakake iku prasaja, ukarane ora ngambra-ambra lan wusanane penak dirungokake dening wong liya.

 2.    Busana

Ajining raga sakabusana. Menawa sesorah prayogane migunakake busana sing becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing padha mirengaken sesorah uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe. Busana uga kalarasake karo kahanan lan tujuan.

 3.    Swara

Wiramaning swara sing kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget anggone ngucapake tetembungan sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong maca buku.

 4.    Solahbawa, patrap (sikap)

Solah bawane wong sesorah iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa, tangann gapurancang, aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.

Tuladhane sesorah Atur Pasrah pinanganten Kakung

Assalamu alaikum wr. Wb

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin

Pamjenenganipun Bapak ……….sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa………………ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa………… sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas…………………..dene wigatosing perlu nuninggih mekaten

Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa ………………sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa…………………sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.

Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas……………….mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa ……………………ingkang nama rara ayu…………..miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.

Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu alaikum wr.wb.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: