Don’t be afraid of advanced slowly, be afraid of nothing progress (งˆ▽ˆ)ง

Unggah-Ungguh Basa Jawa

Ana ing tanah Jawa, khususe ing Jawa Tengah, basa Jawa iku isih nduweni guna paedah kang gedhe banget ana ing satengahing bebrayan, amarga basa Jawa isih akeh sing nggunakake. Mula nggunakake basa Jawa iku kudu trep ora kena tumpang suh, salang tunjang.

Basa iku minangka sarana kanggo nulis, maca, ngrungokake, apa meneh guneman. Guneman prelu nggatekake unggah-ungguh basa, upamane guneman karo kanca, karo wong tuwa, guru lan liya-liyane.

Supaya trep anggone nggunakake unggah-ungguh basa, ana 4 prakara sing kudu ditindakake, yaiku :

  1. Mawas Dhiri tegese yen guneman kudu bisa ngukur kalungguhane marang wong sing diajak guneman.
  2. Mawas Basa tegese kanggo guneman bisa nggunakake basa ngoko lugu, ngoko alus, krama utawa krama alus.
  3. Mawas Tembung-tembunge tegese ora pareng kleru anggone ngucapake basa umpamane : pejah karo seda, nedha karo dhahar, lenggah karo pinarak, lsp.
  4. Mawas Sikep tegese tindak-tanduke kudu trep karo basa sing digunakake.

Ing jaman biyen cacahe unggah ungguh basa iku akeh banget, kurang luwih ana 8 jinis. Nanging saiki sing prelu dimangerteni lan disinau cukup 4, yaiku :

  1. Ngoko lugu
  2. Ngoko alus
  3. Krama lugu
  4. Krama alus

Basa Ngoko Lugu

Wujude : tembung ngoko kabeh, ora ana kramane.

Panganggone :

  1. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
  2. Menyang sing kaprenah enom.
  3. Yen lagi ngunandika.
  4. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

Tuladha :

  • Mengko yen bali sekolah aku arep mbonceng.
  • Dhik, aku tulung tukokna garisan ana ing koperasi ya!
  • Kowe sesuk sida melu piknik menyang Jakarta?
  • Wis dadi kuwajibane siswa kudu sregep sinau.

Basa Ngoko Alus

Wujude : tembung ngoko kacampur krama inggil

Panganggone :

  1. Sadulur tuwa marang sadulur enom kang luwih dhuwur derajate.
  2. Garwane priyayi marang sing kakung.
  3. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.

Ana ing basa ngoko alus, tembung-tembung kang perlu dikramakake, yaiku :

  1. Kowe dadi panjenengan
  2. Tembung-tembung kang dadi pakaryan lan kahanane wong liyan
  3. Ater-ater kok/ko lan panambang –mu dadi panjenengan
  4. Tenbung-tembung kang gegayutan karo wong liya minangka pakurmatan
  5. Darbeke wong liya.

Dene tembung-tembung kang isih tetep basa ngoko yaiku:

  1. Aku
  2. Ater-ater dak/tak, ater-ater di-, kabeh panambang kajaba panambang mu-
  3. Tembung-tembung kang nuduhake pakaryan lan kahanane awake dhewe
  4. Tembung-tembung katrangan, panggandheng, ancer-ancer, wilangan, lsp.

Tuladha :

  • Sliramu saiki wis kepenak, wis cedhak anggone nyambut gawe.
  • Panjenengan yen tindak latihan senam dina apa?
  • Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan.
  • Dhik, sesuk aku nyuwun ngampil sepatu olah ragane panjenengan entuk apa ora?
  • Yen panjenengan kersa mangga dak aturi.

Basa Krama Lugu

Wujude : tembunge madya (ater-ater lan panambange krama)

Panganggone :

  1. Kanggo sapadha-padha sing wis kulina padha drajate.
  2. Garwane priyayi marang sing kakung.
  3. Priyayi marang sadulure tuwa kang luwih asor.

Tuladha :

  • Sampeyan niku pripun ta Mas, saprika-sapriki kok ngoten mawon.
  • Sampeyan niku saniki kantun enggar-enggar penggalih kemawon.
  • Dinten niki kula badhe kesah, sampeyan siyos nitip napa mboten?
  • Ibu ajeng kesah dhateng Jakarta, sampeyan tumut napa mboten?
  • Napa ndika saking desa ngriki mawon ta Mas?

Basa Krama Alus

Wujude :

  1. Tembunge krama (ater-ater lan panambange krama)
  2. Krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman)

Panganggone :

  1. Wong enom marang wong tuwa
  2. Batur marang bendarane
  3. Murid marang gurune
  4. Andhahan marang pimpinane
  5. Kanca karo kanca sing during kulina

Tuladha :

  • Anggen kula ngentosi Panjenengan ngantos dangu, nanging Panjenengan mboten rawuh-rawuh.
  • Bu, mangke dalu kula badhe sinau kelompok kaliyan kanca kula.
  • Manawi kepareng pak guru, kula badhe ndherek karyawisata klas III benjang Setu.
  • Adhi kula menawi badhe tilem nyuwun dipuncariyosaken dongeng Kancil Nyolong Timun.
  • Pak, kepareng badhe matur : “Mbenjang wulan ngajeng kula nyuwun dipuntumbasaken sepatu enggal, amargi sepatu kula sampun risak”.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: